Coba wae tumujua ing situs YouTube! Aku mau uga nyoba browsing mrana, penasaran kepingin weruh kaya apa filem iku. Kaya biasane, saya dilarang malah saya digoleki! Durung suwe kaangkat ing internet, filem iku langsung oleh pamirsa (viewer) sing akeh. Dina iki ing koran dikandhakake, sing sapa nyebarake filem "Fitna" iku bakal bisa kajiret ing ukuman. Ora keri wong-wong Indonesia, klebu para alim-ulama lintas agama nolak filem sing ditengarani bisa nyulet derdah lan ngadu-adu antaraning umat beragama. Mangkono ujare Wikipedia.Īksi protes marang filem iku lan ancaman mati kanggo Geert Wilders pating saruwe ing negara-negara mayoritas Muslim. Nanging ing dina candhake banjur diilangake maneh merga mbebayani tumrap pengelolane, sanadyan ing 30 Maret banjur di- restore maneh sawuse dianake peningkatan pengamanan. Tanggal 27 Maret 2008 wingi filem kasebut di-upload ing internet ing situs Liveleak, salah sawijining situs video sharing kang mapan ing negara Inggris, kanthi versi bahasa Inggris lan Belanda. Judhule "Fitna", garapane anggota parlemen Belanda Geert Wilders. Pirang-pirang dina iki pawarta-pawarta ing televisi kerep nayangake anane filem sing marahi geger. Yen ngersaake Kresna Duta - Ki Hadi Sugito, klik kene! Sumangga, muga bisa nambah koleksi MP3 wayange lan nambahi rasa katresnane marang kabudayan Jawa. Yen lakon-lakon sing dhisik nggunaake layanan Easy-Share, kanggo lakon ini aku nggunaake layanan 4Shared, supaya bisa dipidhangetake preview-ne. Ana sawetara kadang mitra sing mundhut priksa MP3 wayang Ki Timbul Hadiprajitna. Para kadang sutresna budaya, luwih-luwih para pandhemen wayang kulit, 10 lakon wayang dening dhalang Alm.